“SOK”
Dina Selasa esuk ing dalemipun Ibu Novika.
Nita : “Bu…”
Ibu Novika :
“Ana apa Nit?”
Nita :
“Kula badhe pangkat bu.”
Ibu Novika :
“Oh iya, kiye sanguine. Semono cukup apa ora?”
Nita :
“Nggih cekap bu.”
Ibu Novika :
“Oh ya wis. Ati-ati ya.”
Nita :
“ Nggih bu.”
(Nita nutup gerbang umah.)
Ibu Novika :
“Ati-ati Nit..” (Ngawe-awe dada.)
Semana ugi, wonten dalemipun Ibu Hesti.
Hayyu :
“Ma… nyong arep mangkat. Sanguine endi ?”
Ibu Hesti :
“Kiye Yu sanguine.”
Hayyu :
“ Semene tok ?”
Ibu Hesti :
“Nyatane anane semono. Dadi bocah sing nurut jajal.”
(Hayyu tetep budal tanpa ngrungokaken apa sing Ibune
ngendika.)
Hayyu :
“Udan-udan, sanguine semene, langka motor. (Hayyu nggrundel dewek.)
Balik sekolahe Nita, Hayyu, lan batir-batire melu Les
Privat wonten ing dalemipun Bu Ulfah.
Bu Ulfah :
“Assalamu’alaikum Wr.Wb.”
Murid-murid :
“Wa’alaikumussalam Wr.Wb.”
Bu Ulfah :
“Kepanggih malih nggih, dinten niki ngerjakaken soal nggih.”
Murid-murid :
“Nggih bu..”
Bu Ulfah :
“Mangke sejam ngge ngerjakaken soal, lajeng sejam ngge evaluasi.”
Nita :
“Nggih bu.”
(Bu Ulfah mbagi soal latian.)
Bu Ulfah :
“Tek tinggal rihin nggih.”
Murid-murid :
“Nggih bu..”
(Murid-murid ngerjakna soal.)
Fanda :
“Hayyu, kiye si kepriwe ya?”
Hayyu :
“Lho mau mbok wis de jelasna neng sekolahan.”
Fanda :
“Nyong ora mudeng mau.”
Hayyu :
“Lho wong mau nembe. Siki kelalen maning?”
Fanda :
“Iya. Jal si kepriwe, nyong waraih”
Hayyu :
“Ndeleng ngeneh lah.” (Sewot.)
“Kiye kuwe teks biografi. Dewek kuwe
ndeleng keteladanan tokoh kiye sing de ceritakna.”
Fanda :
“Contohe ?”
Hayyu :
“Kiye, misale suka membaca karya pujangga. Kuwe kan bisa de teladani. Pokoke sejen karo liyane lho.”
Fanda :
“Berarti kiye jawabane?”
Hayyu :
“Iya kuwe jawbane.”
(Pirang menit…)
Fanda :
“Kiye kepriwe Hay, angger sing nomer 7?”
Hayyu :
“Leh, ko lha takon bae.” (Nggentak.)
Fanda :
“Ya wis lah. (Ganti takon ming Nita).
“Nit, ko ngerti sing kiye?”
Nita :
“Oh iya, kiye kuwe de prentah kon nggolet keunggulan tokoh. Berarti dewek
nggolete kuwe sing apik-apik tentang cerita sing neng kene. Mudeng?”
Fanda :
“Iya. Berarti kiye jawabane sing C ya?”
Nita :
“Iya..”
(Sejam liwat. Bu Ulfah mlebu kelas maning.)
Bu Ulfah :
“Nggih seniki wekdale sampun telas. Lajeng soale dilebetaken nggih.”
Murid-murid :
“Nggih bu..”
Bu Ulfah :
“Seniki evaluasi.” (Mbagi soal anyar.)
(Setengah jam liwat…)
Fanda :
“Loh apa ko wis rampung Hay?”
Hayyu :
“Uwis lah.” (Ngetokna HP-ne nggo dolanan.)
(Let pirang menit..)
Fanda :
“Ko wis rampung Nit?”
Nita :
“Uwis. Ko uwis?”
Fanda :
“Uwis. Mengko balik bareng ya..”
Nita :
“Iya.”
Hayyu :
“Ko mlaku apa?”
Fanda :
“Iya mlaku.”
Hayyu :
Nyong melu bareng si..”
Fanda :
“Iya mayuh.”
(Bu Ulfah mlebu maning.)
Bu Ulfah :
“Nggih seniki wekdale sampun telas. Lajeng soale dikempalaken.”
(Murid-murid ngumpulaken soal.)
Bu Ulfah :
“Les dinten niki sampun rampung, lajeng dilanjutaken pertemuan ngenjang
nggih..”
Murid-murid :
“Nggih bu..”
(Neng ndalan…)
Fanda :
“Leh miki soale kepenak ya..”
Nita :
“Iya.. Nyong be teyeng nggarap. Padahal ora sinau disit mbengine.”
Fanda :
“Nyong be ora sinau si..”
Hayyu :
“Leh, bisa kaya kae nyong dicueki. Leh, enteni si..” (Jengkel.)
Nita + Fanda :
“Ya mayuh si..”
(Nita, Hayyu, lan Fanda balik bareng.)
Pertemuan les berikute…
Fanda :
“Bu Guru deneng urung dateng ya? padahal wis sore..”
Nita :
“Iya koh..”
Fanda :
“Nilene kepriwe ya?”
Nita :
“Nyong be maras..”
(Ijig-ijig Hayyu teka.)
Hayyu :
“Hei, kiye nilene wis de bagi. Kiye Nita, kiye ngone Fanda..”
Fanda :
“Ya Allah nyong tuntas..”
Nita :
“Iya..” (Bungah.)
Fanda :
“Ko olih pira Hay?”
Hayyu :
“Leh, pira-piraha si.” (Jutek.)
Akhire Hayyu ngratapi nilene sing ora apik.
Hayyu :
“Leh.. bisane nyong olih semene ya..? Apa karena kelakuane nyong maring batire.
Lah nyong siki arep berubah lah..”
RAMPUNG
Tidak ada komentar:
Posting Komentar