(Assalamu’alaikum Wr.Wb.)
(Kanca-kanca, dewek arep nyeritakna sebuah
drama, kang judule “BSM (Bantuan Siswa Miskin). Perkenalna,, Saryo dadi Junior,
Ulfa dadi Biyunge, Aziz dadi Ramane, Trisna dadi Bu Minah, lan febri dadi Joni.
Ceritane kaya kiye..)
(Neng
suatu desa ana keluarga sing uripe serba kekurangan. Uripe mung ngandelna saka
asil nderes. Ing sawijining dina, esuk-esuk, ramane tembe bali nderes. Biyunge
lagi nyiapna sarapan. Junior arep mangkat sekolah.)
Junior : “Yung-yung,, sarapane endi...? Deneng
mejane esih kosong...?”
(Biyunge
njiot taplak meja.)
Biyunge : “Kiye sarapane..”
Junior : “Lha,, Biyunge si kepriwe!
Sarapan sega,, udu sarapan meja....”
Biyunge : “Loh,, jere miki mejane esih kosong,,
ko njaluk sarapan,,. Nek ngomong sing genah ya...”
Junior : “Wong wis genah-genah kaya kiye
koh ! Nek esih kurang genah,, mengko tek njiotna sepidol sisan.!”
(Biyunge
njiot sega lan lawuhe saka dapur, marang meja makan)
Junior : “Sarapan apa kiye ! Deneng
lawuhe mung tempe gundil karo sambel trasi tok ! Langka liyane apa..?.. Nyong
li bosen, unggal dina lawuh tempe, nek ora ya tahu, apa iwak asin, terus sambel
trasi. Endog be paling-paling. Jajal li iwak ayam apa sapi...”
(Ramane
mlebu)
Ramane : “Ana apa kiye,, esuk-esuk wis
brisik bae..!”
Biyunge : “Kiye lho,, anake rika,, esuk-esuk
wis nggawe perkara bae..”
Ramane : “Apa... Nggawe jangan kara...?”
Biyunge ; “Rika maning si,, panganan bae sing
de pikir.. Geh, cah,, rungokna ya,,, siki kuwe apa-apa wis larang.. BBM
mundhak.. Duwite ora bakal cukup nek nggo tuku iwak terus.. Kiye be wis untung,
esih teyeng mangan...”
Ramane : “Emange rika ngerti artine BBM..?”
Biyunge : “Jen-jane si ora,, anu mung melu
jere-jere... Apa rika ngerti...?”
Ramane : “Ban Bakar Mledhug mbok.”
Junior : “Rika si padha kepriwe,, BBM
kuwe ya,, Bahan Bakar Minyak..”
Biyunge : “Nah kuwe maksude...”
Junior : “Wis lah nyong arep mangkat. Lah
Yung,, kiye kepriwe.. Sepatune nyong jebol.!. Wong nyong wis njaluk mbarang
wingi be,, rak di tukok-tukokna...”
Biyunge : “Lha wong urung ana duwite..”
Junior : “Lah,,ya mbuh koh ! Pokoke kudu
tuku !! Nyong li isin nganggo sepatu jebol,, di wadan-wadani li,,neng
batir-batire..!”
Biyunge : “Tuku karo apa..? Wong wis genah ora
duwe duit koh..!”
Junior : “Lah,, ya karepe koh !!!”
Ramane : “Geh,, rungokna ya.. Siki wis
mangsan udan,, badeg-e mung olih setithik.. Hasile mung teyeng nggo nempur
beras thok..”
Junior : “Pokoke tuku !!!”
Ramane : “Wis lah ! Angger kaya kuwe,, ora
usah mangkat sekolah sisan !!”
(Junior
nangis)
(Akhire dina kuwe Junior ora mangkat
sekolah,Deweke sedinaan ngurung neng njero kamar. Nesuke,, Junior uga ora
mangkat sekolah. Nanging deweke wis ora ngurung maning. Mung esih ora gelem
metu saka umah. Dina ke telu ne, Junior esih ora mangkat sekolah, nanging
deweke ngrasa bosen neng njero umah terus. Dadi, awan-awan Junior metu saka
umah, njagong neng pipir umah. Ijig-ijig Joni teka.)
Joni : “Ko kenangapa wis telung dina
ora mangkat sekolah..?”
Junior : “ Ora papa”
Joni : “Aja kaya kuwe si,, Nek ana
masalah mbok ya cerita.. Wong maring batire dewek aja detutup-tutupi. Kau
anggap aku apa...”
Junior : “Anu sepatu.”
Joni : “Iya,,sepatune kenang apa..?”
Junior : “Sepatune aku jebol. Aku
kepengin tuku sing anyar, tapi langka duwite. Nyong ya isin,, sekolah ngaggo
sepatu jebol.. Nyong meksa ming wong tuwa, eh,, malah kon ora usah sekolah
sisan.. Ya uwis..”
Joni : “Oh,, Cuma kuwe..?”
Junior : “Ya.”
Joni : “Nesuk mangkat ya.. Bu Minah
takon-takon bae,, jerene rindu..”
Junior : “Ya embuh ngesuk.”
Joni : “Ya wis,,aku arep balik
disit..”
(Joni
mbalik awak)
Junior : “Loh nganah,, jere balik..?”
Joni : “Lha kiye wis balik..”
Junior : “Mbok balik ngumah.?”
Joni : “Oh, balik ngumah,ya.”
(Joni
balik ngumah.)
(Ngesuke Junior ora mangkat. Akhire ngesuke
maning Bu Minah teka menyang umahe Junior de batiri Joni.)
Bu Minah : “Assalamu’alaikum..”
Biyunge : “Waalaikumussalam..”
Bu Minah : “Napa leres punika daleme Junior..?”
Joni : “Bener banget..”
Bu Minah : “Hus”
Biyunge : “Nggih leres. Mangga pinarak. Kados
pundi..?”
Bu Minah : “Niki lho, kula badhe kepanggih Junior
onten..?”
Biyunge : “Nggih.. Junior..! Junior..!”
Junior : “Ana apa biyunge.!. Brisik
bae..!”
(Junior
nemuni Biyunge.)
Junior : “Ana... Eh, bu guru.. Onten napa
bu..?”
Biyunge : “Ngeneh, njagong dingin..”
Bu Minah ; “Kenging napa Junior mboten pangkat
sekolah..?”
Junior : “Anu...”
Joni : “Sepatune jebol !”
Bu Minah : “Heh !”
Joni : “Oh, mangap bu..”
Bu Minah : “Napa leres Junior mboten pangkat
sekolah amarga sepatune jebol..?”
Junior : “Nggih bu...”
Bu Minah : “Mboten napa-napa.Ampun isin..
Ngenjang pangkat nggih..”
Junior : “Pangkat kepripun,,wong
genah-genah sepatune jebol koh !”
Biyunge : “Junior !, mboten pareng
nggentak-nggentak kalih bu guru..”
Junior : “Oh nggih..”
Bu Minah : “Kados niki..Seniki kan sampun wonten
program BSM ngge lare-lare mboten mampu.. Mangke saged diatur supados sepatune
Junior anyar..”
Biyunge : “Napa niku BSM..?”
Ramane : “Bakul Sega Mambu mbok..”
Biyunge : “Hus,,sembarangan.!”
Junior : “Rika padha lha,, angger bu
Manis, eh,maksude bu Minah lagi speak, maksude spik..
Ramane : “Apa.. bu guru sepit..?”
Junior : “Spik Ramane... Tulisane speak.
S-P-E-A-K. Bahasa Inggris kuweh.. Artine berbicara, alias ngomong, alias
ngendika...”
Ramane : “Oh..”
Junior : “Nek bu guru lagi ngendika,, aja
di cut,,”
Ramane : “Apa,, cut..??”
Junior : “Ramane lha,, senenge nyrobot
omomgane wong.. Nyong urung rampung ngomong..
Ramane : “Iya-iya..”
Junior : “Aja di cut, maksude kat,sing
artine potong. Don’t cut speak another person. Jangan memotong pembicaraan orang
lain..”
Ramane : “Hem,, ra usah pamer bahasa
inggris..Ajadure wis pinter,,
Biyunge : “Uis-uis,, malah debat ora nggenah..
Kepripun bu.. BSM niku napa..?”
Bu Minah : “Oh nggih,, BSM niku artine Bantuan
Siswa Miskin. Niku dana saking pemerintah ngge lare-lare mboten mampu. Mangke
saged mbantu tumbas peralatan sekolah. Sing penting mangke ibune utawa bapake
ndamel surat keterangan mboten mampu saking dusun,, mangke di serahaken kaliyan
kula.. Lan ingkang langkung penting,, menawa peralatan sekolah utamane sepatune
Junior sampun anyar,, Junior kedah langkung rajin wekdal sinau... Mboten pareng
mbolos sekolah malih,, nggih...”
Junior : “Nggih bu..”
Bu Minah : “Nggih sampun,, bade nyuwun pamit.
Pangapunten sampun ngganggu,,”
Biyunge : “Lah nggeh mboten.. Kula sing
ngapunten mboten saged nyuguhaken nopo-nopo.”
Bu Minah
: “Lah nggih mboten nopo-nopo.”
Biyunge : “Maturnuwun sampun maringi solusi..”
Bu Minah : “Nggih niku sampun dados kewajibanipun
kula dados guru..”
Junior : “Kula jujugaken ngantos margi
nggih bu..”
Bu Minah : “Mboten usah.. Mpun kalih Joni..”
Junior : “Kula ngancani Joni. Ok Jon..?”
Joni : “Ya.”
Bu Minah : “Sampun bu,, Assalamualuikum..”
Biyunge
+ Ramane + Junior: “Waalaikumussalam..”
Junior : “Yung,, nyong mbatiri Joni.!.”
Biyunge : “Ya. Ngati-ati..”
(Akhire dina kuwe Biyunge lan Ramane Junior ngrasa lega anake bisa sekolah maning. Junior
bungah pisan teyeng ketemu batir-batire maning. Junior nduwe tekad arep terus
sekolah nganti tamat.)
SELESAI

