Senin, 14 Januari 2019

Drama Komedi Bahasa Jawa BSM


(Assalamu’alaikum Wr.Wb.)
(Kanca-kanca, dewek arep nyeritakna sebuah drama, kang judule “BSM (Bantuan Siswa Miskin). Perkenalna,, Saryo dadi Junior, Ulfa dadi Biyunge, Aziz dadi Ramane, Trisna dadi Bu Minah, lan febri dadi Joni. Ceritane kaya kiye..)
            (Neng suatu desa ana keluarga sing uripe serba kekurangan. Uripe mung ngandelna saka asil nderes. Ing sawijining dina, esuk-esuk, ramane tembe bali nderes. Biyunge lagi nyiapna sarapan. Junior arep mangkat sekolah.)
Junior              : “Yung-yung,, sarapane endi...? Deneng mejane esih kosong...?”
(Biyunge njiot taplak meja.)
Biyunge          : “Kiye sarapane..”
Junior              : “Lha,, Biyunge si kepriwe! Sarapan sega,, udu sarapan meja....”
Biyunge          : “Loh,, jere miki mejane esih kosong,, ko njaluk sarapan,,. Nek ngomong sing genah ya...”
Junior              : “Wong wis genah-genah kaya kiye koh ! Nek esih kurang genah,, mengko tek njiotna sepidol sisan.!”
(Biyunge njiot sega lan lawuhe saka dapur, marang meja makan)
Junior              : “Sarapan apa kiye ! Deneng lawuhe mung tempe gundil karo sambel trasi tok ! Langka liyane apa..?.. Nyong li bosen, unggal dina lawuh tempe, nek ora ya tahu, apa iwak asin, terus sambel trasi. Endog be paling-paling. Jajal li iwak ayam apa sapi...”
(Ramane mlebu)
Ramane           : “Ana apa kiye,, esuk-esuk wis brisik bae..!”
Biyunge          : “Kiye lho,, anake rika,, esuk-esuk wis nggawe perkara bae..”
Ramane           : “Apa... Nggawe jangan kara...?”
Biyunge          ; “Rika maning si,, panganan bae sing de pikir.. Geh, cah,, rungokna ya,,, siki kuwe apa-apa wis larang.. BBM mundhak.. Duwite ora bakal cukup nek nggo tuku iwak terus.. Kiye be wis untung, esih teyeng mangan...”
Ramane           : “Emange rika ngerti artine BBM..?”
Biyunge          : “Jen-jane si ora,, anu mung melu jere-jere... Apa rika ngerti...?”
Ramane           : “Ban Bakar Mledhug mbok.”
Junior              : “Rika si padha kepriwe,, BBM kuwe ya,, Bahan Bakar Minyak..”
Biyunge          : “Nah kuwe maksude...”
Junior              : “Wis lah nyong arep mangkat. Lah Yung,, kiye kepriwe.. Sepatune nyong jebol.!. Wong nyong wis njaluk mbarang wingi be,, rak di tukok-tukokna...”
Biyunge          : “Lha wong urung ana duwite..”
Junior              : “Lah,,ya mbuh koh ! Pokoke kudu tuku !! Nyong li isin nganggo sepatu jebol,, di wadan-wadani li,,neng batir-batire..!”
Biyunge          : “Tuku karo apa..? Wong wis genah ora duwe duit koh..!”
Junior              : “Lah,, ya karepe koh !!!”
Ramane           : “Geh,, rungokna ya.. Siki wis mangsan udan,, badeg-e mung olih setithik.. Hasile mung teyeng nggo nempur beras thok..”
Junior              : “Pokoke tuku !!!”
Ramane           : “Wis lah ! Angger kaya kuwe,, ora usah mangkat sekolah sisan !!”
(Junior nangis)
(Akhire dina kuwe Junior ora mangkat sekolah,Deweke sedinaan ngurung neng njero kamar. Nesuke,, Junior uga ora mangkat sekolah. Nanging deweke wis ora ngurung maning. Mung esih ora gelem metu saka umah. Dina ke telu ne, Junior esih ora mangkat sekolah, nanging deweke ngrasa bosen neng njero umah terus. Dadi, awan-awan Junior metu saka umah, njagong neng pipir umah. Ijig-ijig Joni teka.)
Joni                 : “Ko kenangapa wis telung dina ora mangkat sekolah..?”
Junior              : “ Ora papa”
Joni                 : “Aja kaya kuwe si,, Nek ana masalah mbok ya cerita.. Wong maring batire dewek aja detutup-tutupi. Kau anggap aku apa...”
Junior              : “Anu sepatu.”
Joni                 : “Iya,,sepatune kenang apa..?”
Junior              : “Sepatune aku jebol. Aku kepengin tuku sing anyar, tapi langka duwite. Nyong ya isin,, sekolah ngaggo sepatu jebol.. Nyong meksa ming wong tuwa, eh,, malah kon ora usah sekolah sisan.. Ya uwis..”
Joni                 : “Oh,, Cuma kuwe..?”
Junior              : “Ya.”
Joni                 : “Nesuk mangkat ya.. Bu Minah takon-takon bae,, jerene rindu..”
Junior              : “Ya embuh ngesuk.”
Joni                 : “Ya wis,,aku arep balik disit..”
(Joni mbalik awak)
Junior              : “Loh nganah,, jere balik..?”
Joni                 : “Lha kiye wis balik..”
Junior              : “Mbok balik ngumah.?”
Joni                 : “Oh, balik ngumah,ya.”
(Joni balik ngumah.)
(Ngesuke Junior ora mangkat. Akhire ngesuke maning Bu Minah teka menyang umahe Junior de batiri Joni.)
Bu Minah                    : “Assalamu’alaikum..”
Biyunge          : “Waalaikumussalam..”
Bu Minah        : “Napa leres punika daleme Junior..?”
Joni                 : “Bener banget..”
Bu Minah        : “Hus”
Biyunge          : “Nggih leres. Mangga pinarak. Kados pundi..?”
Bu Minah        : “Niki lho, kula badhe kepanggih Junior onten..?”
Biyunge          : “Nggih.. Junior..! Junior..!”
Junior              : “Ana apa biyunge.!. Brisik bae..!”
(Junior nemuni Biyunge.)
Junior              : “Ana... Eh, bu guru.. Onten napa bu..?”
Biyunge          : “Ngeneh, njagong dingin..”
Bu Minah        ; “Kenging napa Junior mboten pangkat sekolah..?”
Junior              : “Anu...”
Joni                 : “Sepatune jebol !”
Bu Minah        : “Heh !”
Joni                 : “Oh, mangap bu..”
Bu Minah        : “Napa leres Junior mboten pangkat sekolah amarga sepatune jebol..?”
Junior              : “Nggih bu...”
Bu Minah        : “Mboten napa-napa.Ampun isin.. Ngenjang pangkat nggih..”
Junior              : “Pangkat kepripun,,wong genah-genah sepatune jebol koh !”
Biyunge          : “Junior !, mboten pareng nggentak-nggentak kalih bu guru..”
Junior              : “Oh nggih..”
Bu Minah        : “Kados niki..Seniki kan sampun wonten program BSM ngge lare-lare mboten mampu.. Mangke saged diatur supados sepatune Junior anyar..”
Biyunge          : “Napa niku BSM..?”
Ramane           : “Bakul Sega Mambu mbok..”
Biyunge          : “Hus,,sembarangan.!”
Junior              : “Rika padha lha,, angger bu Manis, eh,maksude bu Minah lagi speak, maksude spik..
Ramane           : “Apa.. bu guru sepit..?”
Junior              : “Spik Ramane... Tulisane speak. S-P-E-A-K. Bahasa Inggris kuweh.. Artine berbicara, alias ngomong, alias ngendika...”
Ramane           : “Oh..”
Junior              : “Nek bu guru lagi ngendika,, aja di cut,,”
Ramane           : “Apa,, cut..??”
Junior              : “Ramane lha,, senenge nyrobot omomgane wong.. Nyong urung rampung ngomong..
Ramane           : “Iya-iya..”
Junior              : “Aja di cut, maksude kat,sing artine potong. Don’t cut speak another person. Jangan memotong pembicaraan orang lain..”
Ramane           : “Hem,, ra usah pamer bahasa inggris..Ajadure wis pinter,,
Biyunge          : “Uis-uis,, malah debat ora nggenah.. Kepripun bu.. BSM niku napa..?”
Bu Minah        : “Oh nggih,, BSM niku artine Bantuan Siswa Miskin. Niku dana saking pemerintah ngge lare-lare mboten mampu. Mangke saged mbantu tumbas peralatan sekolah. Sing penting mangke ibune utawa bapake ndamel surat keterangan mboten mampu saking dusun,, mangke di serahaken kaliyan kula.. Lan ingkang langkung penting,, menawa peralatan sekolah utamane sepatune Junior sampun anyar,, Junior kedah langkung rajin wekdal sinau... Mboten pareng mbolos sekolah malih,, nggih...”
Junior              : “Nggih bu..”
Bu Minah        : “Nggih sampun,, bade nyuwun pamit. Pangapunten sampun ngganggu,,”
Biyunge          : “Lah nggeh mboten.. Kula sing ngapunten mboten saged nyuguhaken nopo-nopo.”
Bu Minah        : “Lah nggih mboten nopo-nopo.”
Biyunge          : “Maturnuwun sampun maringi solusi..”
Bu Minah        : “Nggih niku sampun dados kewajibanipun kula dados guru..”
Junior              : “Kula jujugaken ngantos margi nggih bu..”
Bu Minah        : “Mboten usah.. Mpun kalih Joni..”
Junior              : “Kula ngancani Joni. Ok Jon..?”
Joni                 : “Ya.”
Bu Minah        : “Sampun bu,, Assalamualuikum..”
Biyunge + Ramane + Junior: “Waalaikumussalam..”
Junior              : “Yung,, nyong mbatiri Joni.!.”
Biyunge          : “Ya. Ngati-ati..”
(Akhire dina kuwe Biyunge lan Ramane Junior  ngrasa lega anake bisa sekolah maning. Junior bungah pisan teyeng ketemu batir-batire maning. Junior nduwe tekad arep terus sekolah nganti tamat.)

SELESAI

Dikarang oleh : Ulfatul Khoolidah dalam rangka memenuhi tugas drama mata pelajaran Bahasa Indonesia, tahun 2014



Tidak ada komentar:

Posting Komentar